Dasanama iku tegese maneka warna utawa sesebutan liyane kanggo sawijining paraga utawa manungsa.
Tuladhane :
* Abang = abrit, mbranang, dadu, jingga, merah, rekta
* Alas = jenggala, wana, wanadri
* Anak = atmaja, putra, putri, siwi, sunu, suta, tanaya, weka, yoga
* Angin = bayu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung
* Ati = driya, galuh, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya
* Awak = angga, badan, raga
* Banyu = her, tirta, warih
* Bapak = rama, sudarma, sudarmi, yasadarma, yayah
* Bledhèg = bajra, erawati, gelap, glidhug, grah, guntur, gurnita, pater, thathit
* Bodho = blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging, pinggung
* Bumi = bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratiwi, pratala
* Buta = asura, danuja, diyu, ditya, denawa, yaksa, kelana, raseksa, wil
* Dalan = dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, ratan, sopana
* Déwa = apsara, bathara, déwata, hyang, jawata, sura, widadara
* Gajah = asti, dipa, dipangga, diradha, esthi, liman
* Gawé = kardi, karya, karti, yasa
* Geni = api, piyu, brama, dahana, latu, pawaka
* Getih = ludira, rah, rudhira
* Gunung = aldaka, ancala, ardi, bukita, giri, meru, parwata, prabata, redi, wukir
* Ibu = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
* Ireng = cemeng, langking, kresna, jlitheng
* Iwak = matswa, mina, ulam
* Jaran = aswa, kapal, kuda, swa, titihan, turangga, undhakan, wajik
* Jeneng = asma, jejuluk, parab, sambat, rum-rum, wewangi
* Kali = bangawan, loh, narmada
* Kanca = kanthi, réwang, rowang
* Kaya = kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha, yayah
* Kebo = maésa, misa, mundhing
* Kembang = kusuma, padma, puspita, sekar
* Kethèk = juris, kapi, munyuk, palwaka, pragosa, rewanda, wanara, wre
* Kraton = dhatulaya, kadhaton, kadhatun, pura, puri
* Kuning = jenar, kapuranta, pita
* Lanang = jaler, jalu, kakung, priya
* Langit = akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
* Lintang = kartika, sasa, sudama, tranggana, wintang
* Macan = mong, sardula, singa
* Mangan = boga, bukti, dhahar, madhang, sadhah, nedha
* Manuk = kaga, kukila, paksi, peksi
* Manungsa = jalma, jana, janma, manus, nara, wong
* Mata = aksi, eksi, mripat, pandulu, nètra, soca
* Mati = antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal donya, murud, padhem, palastra, pralaya, pralèna, sèda, tinggal donya, tilar donya
* Mayit = bangkè, jisim, kunarpa, kuwanda, wangkè, sawa
* Misuwur = kajanapriya, kajuwara, kalok kaloka, kasub, kawarti, kasutra, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap
* Omah = graha, griya, panti, wisma, yasa
* Panah = astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra
* Pandhita = ajar, dwija, dwijawara, maharsi, mahayeksi, muni, resi, suyati, wiku, wipra, yogiswara
* Perang = bandayuda, jurit, laga, pupuh, rana, yuda
* Pinter = guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widigda, widura, wignya
* Putih = dwala, pingul, sèta
* Ratu = aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, naradipa, naradipati, narpa, narpati, narendra, nareswara, nata, pamasa, parameswara, raja, sri, sirbupati
* Rembulan = badra, basanta, candra, lek, sasadra, sasn=angka, sasi, sitoresmi, sitengsu, wulan
* Segara = ernawa, jalanidhi, jaladri, laut, samodra, tasik, udaya
* Sedhih = duhkita, kingkin, margiyuh, rimang, rudah, rudatin, rudatos, rudita, sungkawa, susah, tikbra, turida, wigena
* Sènapati = bretyapati, hulubalang, narawara, sènapatya
* Sirah = kumba, murda, mastaka, ulu, utamangga
* Slamet = basuki, raharja, rahayu, swasta, sugeng, yuwana, widada
* Srengèngè = arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, dèwangkara, pradangga, radutya, raditè, rawi, surya, we
* Ula = naga, sarpa, sawer, taksaka
* Wadon = dayinta, dyah, gini, juwita, kusuma, putri, retna, rini, wanita, wanodya, widawati
* Weruh = anon, myat, priksa, udani, uning, uninga, upiksa, wikan, wrin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar